Google
 

Mess-ku Istanaku



Di inspirasi oleh situse Dzofar, arek gendhenk soko Nganjuk tapi koyoke asik diajak koncoan, setelah baca biografi masa kecil yang sepertinya satu kasta karo 'ayas' artikele ditulis sakarepe dewe boso jowo-indonesia campuran, tapi malah lucu (bagi yg mengerti).

Awakku lagi remeg rek, gregess, adem panas, irung buntet। Ta ombeni obat sak nemune wes, nang slorokan ono Promaag karo Neozep (bukan promosi),jelas ta jupuk Neosep, Alhamdulillah ono kari siji ndil, wes langsung ae ta ombeh karo banyu putih anget॥mak heleg! hihi... Trus ta gawe tenger-tenger diluk, arep nyapo bingung, padahal penggawean yo akeh, ono 3 buku sing durung Qatam, Laskar Pelangi, The True Power Of Water dan Mukjijat Abad 21 Husein Tabataba'i.

Durung ngisi blog ku, wes suwe rasane ra gawe artikel. Tapi percoyo ra? Rasane muales pool arep nyapo-nyapo, akhire yo mung nonton tv, sempet sik buka internet diluk mung ceklak-ceklik complicated (kebiasaane Antok). Akhire yo wes tenger-tenger karo nonton tv, trus muncul ide besok libur ora mulih wes, gak kaop awak greges ngene, ta gawe turu ae sedinoan nang mess, lek mulih paling wes ngono iku,malah mengko ngrepoti wong omah, wes gak iso nonton tv (disekolahno bapak), gak isoh internetan kudu nang warnet, gak iso moco buku2ku, paling2 disambati wong omah njaluk duit.. Ape deee.

Berawal dr inilah muncul ide untuk nulis tentang mess-ku, judule yo wes jelas, Mess-ku Istanaku, yg secara kesusastraan Jawa maksudnya adalah..Timbangane nang omah, mending nang mess.. Rodo sadis yo, tapi piye maneh ndah pancen mending ra mulih lek ngene iki, malah iso tambah remeg nang omah ga iso keslimur, malah ngesakno bapak repot.

Mess-ku iki cilik ndah, mung sak kotak sekitar 4 x 4 lah, tapi resik nggone, tekelan putih, tembok kuning, sijine belang telon...(lho? iku lak lagu Kucingku). Dan disinilah muncul banyak ide2 kehidupanku (weik!), koyok pelindung dr berbagai masalah, wes pokoke aman ndah, ibarat ditembaki laser karo sepasukan pesawat UFO, trus aku mlayu mlebu nang omah, wes pasti aman, sambil merancang solusi nggo menyerang balik.

Terinspirasi juga karo blog-ke Ani, sing ono foto2ne di tiap artikel, malih pengen pamer pisan, gambar mess-ku ndah, jo kaget yo lek ono penampakane..hehe. Sing pertama iki foto pas lagi tenger-tenger kemringet soale howone lg panas, yo ngene iki lek daerah rendah hawane sumer.

Photobucket

Urip nang mess sakjane yo boseni, tapi untunge awak wes memperdalam ilmu motivasi, sing berhubungan dengan teori Persepsi alias Mindset, bahwa secara psikologine wong gendhenk urip iku sakjane tercipta soko Persepsi manusia, dadi masio awak iki ndekem nang mess, sing cuilik, panas, akeh nyamuke lan apek, tapi lek pikiranku tetep terbuka, awak iki rasane isoh menggenggam dunia (halah!). Berita yo ga telat ono TV, koran yo langganan nang kantor, buku2 yo iso diwoco nang mess, dan sing paling penting iku gara-gara ono fasilitas internet..hehe. Dadi masio ora metu-metu nang mess thok, tapi tetep pinter, sll up to date, ora ketinggalan informasi, mek dadi rodo gendhenk ae...hihi. Iki fotone....

Photobucket

Sing iso dadi tombo ki yo lek pas kumpul bareng karo arek-arek, badminton, bakar-bakar ayam, tapi saiki wes jarang maneh, lha piye udan terus arep badminton, trus bakar-bakar yo wes males, waleh karo pithik, sakjane seh yo ga males, ning saben acara bakar-bakar sing paling sibuk begidagan mbeleh pithik, mbeteheti, yo mung Ayas karo Mustofa (kaos doreng), liyane karek metu mangan thok, asem tenan....

Photobucket

Wes ah, kesel ngetik, obatku entek ki, durung obatan sik rodo gregess, piye yo, ono yo kari obate pithik kari thithik iki, babah wes ta heleg ae.. Oya, ojo lali nulis komentar yo, lan lek ono saran-saran. Trus gawe sing urip terpenjara nang mess kyk Ayas, keep open your mind.

O, iyo, timbangane blogmu nganggur ga iso hasilno duit, mending daftarno blogmu disini, karo ceklak ceklik ga karuan iso hasilno duit, lumayan nggo tuku Neosep.

Baca Artikel Yang Lain



Ndop said...

walah bos.. bos...
aku lo asli Nganjuk, dudu Njombang..

diedit maneh yo bos!!
suwuun..

matur nuwun wes moco biografiku..
enek postingan anyar lo...

Anonymous said...

walah, iyo rek salah, sepurone sing akeh yo, paling wingi ki nulise karo mbayangno koncoku sing ayu kuwi soko jombang..hehe. Yo wes ta edite, suwun wes diralat yoo...

Ndop said...

hahaha..

iso-iso ae..